Jumat, 01 Januari 2010

PARIKAN BAHASA JAWA

PARIKAN BAHASA JAWA

Parikan iku unen-unen kang dumadi seka rong (2) ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigaten, kang kapindho minangka isi. Parikan iki kaya pantun nanging mung rong larik. Parikan migunaake purwakanthi swara. Purwakanthi parikan bisa digawe mawa petungan kang adhedhasar petungan wanda (suku kata).

4 wanda - 4 wanda

wajik klethik, gula jawa
luwih becik wong prasaja

jemek-jemek gulo jowo ojo ngenyek podho konco

4 wanda - 8 wanda

tawon madu, ngisep sari kembang jambu
aja nesu yen ditudhuake luputmu

8 wanda - 8 wanda

kayu urip ora ngepang, ijo-ijo godhong jati
uwong urip ora gampang, mula padha ngati-ati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar